KADIPATEN PASIR LUHUR
Agustus 8, 2008
Kadipaten Pasir Luhur, jaman ganu kue salah siji Kadipaten sing mlebu wilayah Kerajaan Pajajaran (Kerajaan Galuh – Kawali).
Jaman Kesultanan Demak dipimpin Sultan Trenggono (Sultan Demak ke III), Kadipaten Pasir Luhur termasuk wilayah Kesultanan Demak sing strategis. Sultan Trenggono mengangkat Adipati Pasir Luhur (sing wektu kuwe dijabat Adipati Banyak Belanak) sing didadekna Panglima Perang wilayah kulon sing wilayahe ngeliputi sekang Karawang ngantek Gunung Sumbing (Wonosobo).
Sebagai salah siji Panglima Perang Kesultanan Demak, Adipati Banyak Belanak olih gelar Pangeran Senopati Mangkubumi I, sementara kuwe Banyak Galeh (Wirakencana) adine, diangkat dadi Patih Kesultanan Demak.
Bar Sultan Trenggono seda, Kesultanan Demak pecah dadi 3 bagian, salah sijine Kerajaan Pajang sing diprentah Joko Tingkir lan ndueni Sultan Hadiwijaya (1546 – 1587). Dong masa kiye, wilayah Banyumasan (termasuk Kadipaten Pasir Luhur) melebu nang kekuasaan Kerajaan Pajang.
Melu-melu kebijakan Sultan Trenggono, Sultan Hadiwijaya ngangkat Adipati Pasirluhur sing saat kuwe dijabat Banyak Galeh utawa Wirakencana, dadi Senopati Kerajaan Pajang lan ndueni gelar Pangeran Mangkubumi II.
Siki Kadipaten Pasir Luhur termasuk wilayah Kelurahan Pasir (Karanglewas), Kecamatan Purwokerto Barat.
Entry Filed under: Uncategorized. Tag: banyumas, banyumasan, galuh, kadipaten, kerajaan, pajajaran, pasir, pasir luhur, purwokerto.
2 Comments Add your own
Leave a Comment
Some HTML allowed:
<a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <pre> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>
Trackback this post | Subscribe to the comments via RSS Feed
1. kursito | Agustus 24, 2008 at 11:28 am
beritane bagus, salam sekang aku wong banyumas sing neng sumatra.
2. Ryan Rachman | Juli 2, 2009 at 4:04 pm
pasir luhur lokasi tepate siki nang ndi?
pasir batang siki nang ndi?
nduwe sejarah pabrik gula kalibagor ora?