Tulisan tulisan yang dikaitkan (tagged) ebeg
TATAR NGAPAK
Jawa Tengah salah sijine propinsi sing ana neng Indonesia ndue pirang-pirang ragam basa lankabudayan. salah sijine ana nang daerah Jawa Tengah bagian kidul-kulon. Neng daerah kono basa sing dienggo sejen dieleke karo basa daerah liane sing ana neng Jawa Tengah. Basane kue biasane terkenal karo sing jenenge basa NGAPAK. Akeh sing ngomong nek basa ngapak kue,luwih tua sekang basa jawa. Daerah sing nganggo basa ngapak kue banyumas, cilacap, purbalingga, banjarnegara, kebumen bagian kulon.
salah sijine kesenian sing ana nang tatar ngapak jenenge ebeg. Ebeg nek miturut critane kue jenis ibing-ibingan sing nyritakna latian perang wektu semono. Ebeg biasane dimaina nang wong 5 – 8. biasane di iringi karo tabuhan gendanglan kanca-kancane. Ebeg biasane ya ana sing kesurupan, nek dolanan ebeg suene antara 15-20menit.
panganan sing khas sekang tatar ngapak jenenge mendoan. mendoan kue digawe sekang tempe tipis digoreng karo trigu setengah mateng, dipangan pas anget karo nyigit lombok iji.
6 comments Agustus 4, 2008